Gemar Bahasa Jawa ( LAYANG)

Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa

Hasil gambar untuk LAYANG BAHASA JAWA

Bab kang wigati nalika nulis layang kudu nggatekake : 

  1. Panulise jeneng kang dituju kudu genep lan jelas
  2. Panulise papan/alamat dununge sing arep dikirimi layang uga kudu jelas / cetha lan jangkep (yen perlu diwenehi kode pos).
  3. Asal panggonan lan tanggal. Ditulis ing pucuk dhuwur sisih tengen. Nerangake saka ngendi lan kapan layang kuwi digawe.
  4. Panulise paprenah lan tembung tandha pakurmatan kudu bener manut pranatan sing lumaku.
  5. Dluwang / kertas, amplop lan mangsi milih sing jelas ( Aja sembarangan).

Urut urutane nalika nulis layang yaiku :

  1. Titi mangsa / papan yaiku perangane layang  sing mratelake ing ngendi lan kapan layang kasebut ditulis / digawe. Papan panggonan nulis. Titi mangsa bisa katulis ana ing pojok tengen dhuwur uga bisa ing ngisor pojok tengen sadhuwure paprenah.
  2. Adangiyah / adawiyah  yaiku perangan layang kang mratelake marang sapa layang ditujokake utawa isi tujuan layang kang ditulis / dikirimake.

    Umpamane : Katur bapak saha ibu ing dalem, marang kancaku sing dak tresnani lsp.
    Biasane ditulis ing njabane amplop, uga sajroning layang ditulis maneh.
  3. Satata basa, yaiku mratelake marang sapa layang iku dikirimake. Upamane : katur bapak saja ibu ing ndalem, kanggo kadangku ing Malang, kanggo kancaku sing dak tresnani. Lsp. Kang lumrah ditulis ing jabane amplop uga ditulis ing layang panggonane ing dhuwur.

    Satata basa uga parangan layang kang mratelake pandonga, pamuji, pakurmatan kanggo sing dikirimi malang, kayata :
    - Ingkang sembah sungkem (kanggo simbah)
    - Ingkang sembah pangebekti (kanggo wong tuwa/guru)
    - Ingkang taklim (kanggo sapada pada)
    - Salam taklim (kanggo paprenah luwih enom)
    - Kang pamuji slamet, (Kanggo anak/putu).
  4. Purwaka basa/pambuka yaiku perangane laying kang mratelake isi kabar kaslametan utawa perangan sadurunge isine laying biasane isi atur pambagya, wilujeng .

    Tuladha : Sareng serat punika kula ngaturi pirsa bilih kula tansah ginanjar wilujeng pinayungan gusti kang murbeng dumadi. Mugi bapak saha ibu ugi makaten. Amin.
  5. Surasa basa/isi layang yaiku perangane laying kang maratelake isine laying utawa kang dadi wigatining layang.

    Tuladha :
    Kajawi punika kula badhe matur, sekedhap malih kula badhe UAS/Ulangan Akhir Semester ingking badhe kalakasanakaken tanggal 10 ngantos 15 Desember 2010.
  6. Wusana Basa/pantup yaiku parangane layang kang wujud ukara utawa pungkasaning layang kang isine nyuwun pangapura ugu nyuwun balesan.
    Tuladha :
    Cekap semanten atur kawula, bilih wonten atur kirang mrayogani penggalih kula nyuwun agunge samudra pangaksami.
  7. Paprenah yaiku parengane layang kang mratelake sapa utawa kaprenah apa kang gawe layang. Utawa sesambunge antaraning sing kirim layang .
  8. Tandha tangan/tapak asta lan asma panyerat yaiku perangan kang nyethakake tapak asta sing kirim layang lan ditulis kenenge kanthi lengkap.

Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa

Layang iku salah sijine alat utawa piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis. Nalika arep nulis layang bab bab wigati sing kudu digatekake yaiku :
  1. Panulisane jeneng kang dituju kudune genep. yen perlu katulis lengkap pangkat / Kalungguhane.
  2. Panulisane alamat/papan sing arep dikirim kudu cetha an jangkep.

Wujude Layang :

Miturut wujude layang iku ana 6 yaiku :
  1. Layang kitir
  2. Layang Paturan
  3. Layang dhawuh
  4. layang lelayu
  5. Layang kiriman ganep/ iber iber
  6. layang ulem.

Penjelasane 

Layang Kitir

Layang kitir isine cekak/ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri. Layang iki kaya dene memorandem (kanggo pangeling eling). Layang iki katulis ana ing dluwang bisa awujud embaran kertas cilik. Layang kitir iki ora merlokaku purwaka basa lan wasana basa, dadi mung isi wae. Isine kang wigati dadi mbutuhake wektu kang cepet dikirim lan ditampa. layang kitir iki bisa tanpa amplop (mbukak) utawa nganggo amplop (nutup). Tuladhane layang kitir yaiku : note, resep dokter, lan liyan liyane.

Layang Paturan

Yaiku layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh.

Layang dhawuh

Layang kang isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane (saka wong sing dhuwur pangkate marang ngisorane).

Layang Lelayu

Yaiku layang kang isine menehi kabar lesusahan utawa layange wong sing ngabari kepaten/ kasripahan.

Layang kiriman ganep / Iber iber

yaiku layang kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep (wiwit daka pembukaan,isi, panutup lan paprenah) isine uga nerangake werna werna ya bab kahanane,suka sukane, kesarasan, lan liyan liane.

Layang ulem

Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa

Layang iku salah sijine alat utawa piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis. Nalika arep nulis layang bab bab wigati sing kudu digatekake yaiku :
  1. Panulisane jeneng kang dituju kudune genep. yen perlu katulis lengkap pangkat / Kalungguhane.
  2. Panulisane alamat/papan sing arep dikirim kudu cetha an jangkep. (Prayogane ditulis uga kode pose)

Wujude Layang :

Miturut wujude layang iku ana 6 yaiku :
  1. Layang kitir
  2. Layang Paturan
  3. Layang dhawuh
  4. layang lelayu
  5. Layang kiriman ganep/ iber iber
  6. layang ulem.

Penjelasane 

Layang Kitir

 Hasil gambar untuk LAYANG LELAYU

Layang kitir isine cekak/ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri. Layang iki kaya dene memorandem (kanggo pangeling eling). Layang iki katulis ana ing dluwang bisa awujud embaran kertas cilik. Layang kitir iki ora merlokaku purwaka basa lan wasana basa, dadi mung isi wae. Isine kang wigati dadi mbutuhake wektu kang cepet dikirim lan ditampa. layang kitir iki bisa tanpa amplop (mbukak) utawa nganggo amplop (nutup). Tuladhane layang kitir yaiku : note, resep dokter, lan liyan liyane.

Layang Paturan

Yaiku layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh.

Layang dhawuh

Layang kang isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane (saka wong sing dhuwur pangkate marang ngisorane).

Layang Lelayu

Yaiku layang kang isine menehi kabar lesusahan utawa layange wong sing ngabari kepaten/ kasripahan.

Layang kiriman ganep / Iber iber

yaiku layang kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep (wiwit daka pembukaan,isi, panutup lan paprenah) isine uga nerangake werna werna ya bab kahanane,suka sukane, kesarasan, lan liyan liane.

Layang ulem

Hasil gambar untuk LAYANG ULEMHasil gambar untuk LAYANG ULEM

Yaiku layang kang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe (mantu, sunathan, lan liya liyane).

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MACAM-MACAM GAYA RENANG KELAS 5 SD

MARI BERKARYA SENI....!!!

GREEK YOGURT TINGGI PROTEIN, KENYANGNYA BERNUTRISI